Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2024

Gotong Royong ing Padukuhan Cangkring

 Dinten Minggu tanggal 1 september 2024 warga padukuhan cangkring, karangasem, paliyan, GunungKidul tumut kerja bakti ndamel Cor Rabat Beton. Cor  menika dipun ndamel saking campuran pasir, semen lan koral ingkang saklajengipun dipun campur kaliyan toya menawi sampun, dicetak wonten ing mergi.  Bapak dukuh padukuhan cangkring ngaturaken kerja bakti kados mekaten inggih ajek ditindakaken saben Minggu.Dene ancasipun inggih kangge ndamel Cor Rabat Beton ingkang risak dateng sakuruting margi ing padukuhan. Awit ngiwatosipun ragat, pramila warga gotong royong ndamel Cor Rabat Beton dene ragatipun dipundutaken saking iuran warga padukuhan cangkring ing saben wulanipun.